Monday, November 2, 2015

CONTOH MAKALAH BAHASA JAWA




PAMBUKA

Ing jeneng Allah Ingkang Nyithak, Paling Panyayang, kita ndedonga puja lan syukur ing ngarsane Gusti, sing wis sih, panuntun dhumateng, lan Inayah Gusti kanggo kita, supaya kita bisa mutusake masalah makalah basa Jawa bab Geguritan.
     Karya ilmiah wis nyawiji dening kita karo maksimum lan njaluk bantuan saka macem-macem pihak supaya minangka kanggo nggampangake nggawe kertas iki. Kanggo sing kita ngaturaken matur nuwun sanget kanggo kabeh sing wis nyumbang ing nggawe kertas iki.
     Akhire, kita ngarep-arep sing kertas basa Jawa iku migunani kanggo nyedhiyani keuntungan uga minangka inspirasi kanggo nonton.















TABEL SAKA ISI

 Irah-irahan..........................................................................................................
 Atur Pambuka.....................................................................................................
 Tabel saka isi.......................................................................................................
 Pendahuluan:Bab 1.Sejarah geguritan...............................................................
                                    Bab 2.pengerten geguritan..........................................................
                                    Bab 3.jenis geguritan....................................................................
                                   Bab 4.tetenger geguritan.............................................................
 Dudutan isi.........................................................................................................
 Geguritan Rama Sudi Yatmana...........................................................................
 Dudutan geguritan.............................................................................................
 Panutup..............................................................................................................
 Daftar pustaka...................................................................................................












PENDAHULUAN
BAB 1
 Sejarah Geguritan
     Manut asal-usuling tembung geguritan asale saka tembung “gurit” sing tegese kidung, tembang utawa tulisan sing wujude ukiran utawa tatahan. Geguritan uga diarani guritan yaiku puisi Jawa. Geguritan kuwi ora ditembangake nanging diwaca nganggo wirama, wirasa lan wiraga manut surasane.
     Geguritan kaperang dadi loro (2) yaiku geguritan tradisional lan geguritan modern. Geguritan tradisional kuwi geguritan nganggo paugeran-paugeran tartamtu kayata cacahing larik saben pada (bait), cacahing wanda saben larik uga dhongdhinge swara (persajakan). Kang kagolong geguritan tradisional antara liya yaiku parikan, wangsalan, tembang macapat, tembang tengahan lan tembang gedhe.
     Geguritan modern ora diwatesi pathokan-pathokan lan paugeran kaya kang ana ing geguritan tradisional. Tegese saben pada (bait) ora ditemtokake cacahe larik. Saben larik ora ditemtokake cacahe wanda lan dhongdhinge swara (persajakan). Pangripta mardika (bebas) anggone medharake karep. Mula geguritan modern uga diarani geguritan bebas utawa kang saiki lumrah diarani geguritan.

















Bab II
Pengerten Geguritan
            Geguritan iku sawijining dhapur susastra kang awujud iketaning basa kang memper syair. Mula ana sengt ngarani geguritan iku syair jawa. Tembung geguritan dumadi saka tembung Gurita kang minangka owah-owahan saka tembung gerita. Dene gerita iku linggane gita, tegese tembang. Ing sakawit geguritan iku tinemu ing lagu-lagu dolanan.   
Paugerane geguritan
·         Ora kaiket wewathon guru gatra,guru wilangan,lan guru lagu.
·         Luwih ngutamakake babagan isine kang methes,apik,endah,lan uga becik.
·         Kanggo nambah kaendahan basa nggunakake purwakanthi sawetra bae.
·         Isi pitutur,piweleng,kritik,protes,sidiran,pangresah,pamundhut,lan sakpanunggalane.

















Bab III
                Jinise Geguritan
                Jinise Geguritan Yaiku
a.       Geguritan kuna/gagrag lawas
Geguritan kuna nduweni pathokan /paugeran:
1.Cacahe gatra (larikan)ora ajeg, nanging sithik-sithike papat
2. Cacahing Wanda (suku kata) ing saben gatra utawa larik kudu padha akehe
3. Tibaing swara (guru lagu) kudu runtut
4. Sangarepe geguritan diwiwiti tembung “sun nggurit”, utawa “Sun Ngegurit.
        b.   Geguritan anyar
                Geguritan anyar (geguritan) tegese  rumpakan kang ora kaiket ing paugeran,dene edi
                penine rumpakan ngendelake tembung kang menthes lan pilihan.
c.       Geguritan mawa dhapukan tartamtu
Miturut pandhapuke ukara lan pangiketing tembung,araning geguritan iku warna-warna.
1.       Rong gatra sapada, diarani gita dwigatra
2.       Telung gatra sapada, diarani gita trigatra
3.       Patang gatra sapada, diarani gita caturgatra
4.       Limang gatra sapada, diarani gita panca gatra
5.       Nem  gatra sapada, diarani gita sadgatra
6.       Pitung gatra sapada, diarani gita saptagatra
7.       Wolung gatra sapada diarani, gita hastagatra
8.       Sangang gatra sapada, diarani gita nawagatra
9.        Sepuluh gatra sapada, diarani gita dhapur sonata
10.   Tanpa  tinamtu, diarani gita mardika

Dudutan isi
Geguritan iku sawijining dhapur susastra kang awujud iketaning basa kang memper syair. Mula ana sengt ngarani geguritan iku syair jawa. Tembung geguritan dumadi saka tembung Gurita kang minangka owah-owahan saka tembung gerita.





“Geguritanku : Buntut Enem Cucuk Pitu .
Kesusu Keselak Ngapa, Kesuwen Ngenteni Apa
kesusu keselak ngapa
kesuwen ngenteni apa

munggah pangkat dadi penggedhe sugih
kuwasa
bojo loro telu apa papat

bab moral
ora usah dirembug ing kene
iki dudu wilayah moral
iki wilayah reyal royal lan obral

lho kok ngono jare keseimbangan
akhlak lan amal budi lan pakarti
aspirasi lan implementasi

kuwi rak mengkone
pilihane wong urip mulya
iki saiki
pilihane wong urip mukti

yen ora sugih apa bisa menehi
yen ora kuwasa apa bisa mranata
yen bojo mung siji apa bisa konsentrasi

kesusu keselak ngapa
kesuwen mengenteni apa

teyori kok mulur mungkret
prakteke kecandhetcandhet
ora gayeng or aces pleng

resres rosros rasarasaning atimu muni
kepriye
mengkono uga atine dhewekke

kesusu keselak ngapa
kesuwen ngenteni apa
yen wis tekan titi wancine
apa ana sing bisa nduwe kersa-ne
apa ana sing bisa ngelingake

(22 Januwari 2007)








Dudutan Geguritan

Bait pisan geneya kowe kudu kesusu ?
Bait kapindho munggah kalungguhan apa kudu nduwe akeh bojo?
Bait ketelu ora usah neng rembug masalah sepele?
Bait kapapat Seimbang jero masalah akhlak danbudi pekerti
Bait kelima pilehan antara urip lan mati
Bait kenem sugih miskin akeh bojo apa bisa menehi
Bait kepitu kesusu nunggu
Bait kewolu aja menunda-nunda mubarang hal
Bait kesanga apa ati bisa muni?
Bait kesanga Kalu awake dhewe kesusu apa ana sing ngelingna?




AMANAT/PESAN MORAL

Dados tiyang ampun kesesa mendhet radin pintas konjuk menuju kesuksesan
Menawi kita sedaya sampun sukses badhenipun kita sedaya ngunjuk dhateng tiyang benten
























Panutup
Mekaten makalah ingkang kawula damel , mugi-mugi saget maringi manfaat dening para pemaos, kirang langkunge kawula ngaturaken agunging pangapunten. 










































Daftar pustaka

Kalengpelangi.blogspot.com
Beritasuaramerdeka.com/nggurit-ala-sudi-yatmana.

2 comments: